Materi Gogon Tuhon (bahasa Jawa)






Gogon Tuhon salah satunggaling warisan tradishi lisan leluruh ingkang ngewrat nasehat. Ajaran kasebat asipat sinadi, minangka upaya nanemake budi pekerti ingkang jumbuh kaliyan moral lan etika jawa.


A.     Makna Gogon Tuhon :


1.       Miturut Hadiatmoko (1995: 7-8) ngandharaken makna gogon tuhon inggih menika ngandel marang prakara sing dianggep duwe kadayan ngungkuli kodrat, mangka sanyatane ora ana. Kepercayaan mangkono iku isih akeh kang nuhoni.

2.       Purwaka (1990 :33) Gogon Tuhon : mewatakan kang gampang ngunggu lan mituhu marang gunem utawa dedongan kang pancene mono ora prelu digugu utawa pinutuhu. Gogon tuhon iku dening wong kang gogon tuhonan dianggep duwe daya, menawi nganti ora digugu lan ditindakaake, wong wong sing ora nggugu lan  nindakake iku bakal nandhang ora kepenak uripe.


3.       Poerwadiratmojo (1976 : 996-997) Gogon Tuhon: kapitadosan tumrap satunggaling bab ingkang dipun anggep wonten, saestunipun boten wonten utawi dipunanggep sekti lan sejenisipun, ananging saestunipun boten.


4.       Prawirodiratmojo (1981:156) Gogon Tuhon : minangka takhayul utawi kapitadosan dhateng menapa menapa ingkang dipun anggep langkung sekti saking dhiri pribadhinipun.



Mula bukaning gogon tuhon, miterat R.Ng. Kartohasmoro dalam Serat Saloka Dewa:


     1.       Kawiiwtan saking pangece tiyang tiyang ingkang ndadosake perkawis tumrap solah bawa tiyang sanes ingkang boten dipunsarujuki, amargi:


a.       Kaangep boten mengalih rasional jalaran pitados bab bab ingkang boten tinemu nalar.
b.      Saperangan tiyang ingkang nganggep leres kemawon menapa ingkang boten wonten kasunyatanipun.
c.       Saperangan ingkang kablusuk dhateng soalh bawa lan panggangep klentu, awit namung nampi sesarepan ingkang lepat tumrap basa pasemon. 

      2.       Wontenipun kirang panagertosan lan pangertosan ingkang lepat tumrap kedadosan/carios ingkang salajengipun dipunnanggep minganka gogon tuhon kasebat, amargi tiyang kasebat rumaos sarwa pirsa kamanga boten mangertos menaapa menapa.

      3.        Tiyang ingkang gampil lan soalh bawa tiyang sanes amaargi kirang pitados tumrap budi pekertinipun piyambak utawi kawegigianipun piyambak.

      4.       Anggenipun pangribawa tumrap carios-carios lan kisah kisah fiksi ingkang sampun maabad-abad rumangket ing masyarakat satemah katah ingkang sampun ewah wujud dados adat istiadat masyarakat Jawa Tradhisional.


Klasifikasi Gogon Tuhon; Miterat Prawirowinarto ing serat Gogon Tuhon.

Jenis Gogon Tuhon lan Budi Pekertine:

1.       Saking upacara adat :

a.       Wong gawe omah tanpa tutup keyong : Serasi
b.      Wong adang rubuh dandagane : ngati ati
c.       Bumbung wong oraa dipecah : Aman
d.      Nyambut gawe wayah surup : Ngatosake wekdal

2.       Gogon Tuhon wujud Larangan:

a.       Ora kena glunguhi bantal mundak wudunen. (Kasopanan)
b.      Ngidoni sumur suwing lambene. (Kasarasan/resik)
c.       Ora Ilok mangan neng ngarep lawang. (Kasusilan)
d.      Ora ilok mangan karo turu ndak dadi ula. (Kasusilan)
e.      Wong putri ora kena lungguh jengag. (Kasusilan)
f.        Menyang segara ora kena nganggo klambi ijo. (Ngati Ati)

3.       Gogon Tuhon Pepali

a.       Yen ana bledheg nyebuta putune KI Ageng Sela.             
b.      Yen Lelungan ora kena Ing dina Setu Pahing.

4.        Bocah Sukerta (dipun ruwat nanggap wayang Murwakala

a.       Bocah ontang-anting : 1 Jaler
b.      Bocah unting-unting: 1 setri
c.       Uger uger lawing : 2 jaler sedaya
d.      Kembang sepasang : 2 Setri sedaya
e.      Gendhana Gendhini : 2 jaler sestri
f.        Gendhini Gendhana: 2 sestri jaler
g.       Sendang kapit Pancuran: 3 Jaler, setri, jaler
h.      Pancuran kapit sendang : 3  jaler,setri,jaler.







keyword: Materi Gogon Tuhon, Apa iku gogon tuhon, Gogon Tuhon dari Jawa