Tips lan Cara kanggo lulus UN
Awake dhewe sedelo meneh bakalan nglakoni sik jenenge UN. Nah sakdurunge apa ta UN iku? UN yaiku ujian kang diwenehke pemerintah kanggo ngetes ketuk sepira Ilmune, ana sak rampunge sekolahan. Isih bingung to? Hahah ngene wae cetane UN kie tes kang diwenehke pemerintah kanggo kelulusan sak Indonesia saka sekolah dasar, menegah, utawa keatas. Zaman saiki UN saya ketat, akeh polisie kang ngawasi. Nangging kuwi dudu alesan mu ngo pesimis lulus UN :D. Nangging udu alesamu barang nggo dadi wong syrik, dukunke, nyulet menyaan utawa dongani bolpoint hahah. Tinimbang stress koyo ngono iki tak wenehi cara utawa tips kanggo lulus UN.
langsung wae cek it dot…
1.Ojo sinau dadakan
Wis pepatahe sinauo ben pinter :-D. ojo sinau gur sedino sak durunge UN sinau paling ora 1 sasi/ 3 minggu sak durunge UN. Cobo ulang ulang materi sik diwenehke saking Pak/Ibu guru. Nah saya suwe rak dadi apal. Nah sakdino sakdurunge UN wis ora perlu mempeng mempeng sinau meneh dingo ngulang wae karo jaga kasehatan.
2. Donga karo Njaluk restune wong tuwa.
Ra iso di bantah meneh nek dongane wong tuwa kie mujarab, apa kang di restui karo wong tuwa kie pada karo di restui karo Gusti. Aja ngasi kaya gambar dhuwur golek wangsit neng ngisor GUA gembira loka hahaa.
3. Teliti pas ngarap Soal.
Percuma nek gur sinau susah susah neng ora teliti. Misale mnggarap No 7 neng isine neng No 1 rak cotho, dadi Teliti iku perlu.
4. Jogo Kesehatan
Percuma nek 4 mau tok lakoni, ng kowe gur sakepenake dhewe karo awakmu, ndelalah pas Hari H loro. Kan mumet ora iso kensentrasi, maune jatah ngarap ning sekolah malah dinggo turu amergo lara.
5. Siapke mental
Sik paling penting siapke mental, ojo grogi lhe ngarap UN hahah. Padake nembak cewek, kegiatan sik ora penting dilerenke disik, rasah digawe stress woles nangging yo aja kalem kalem. hehehe
Nah kuwi mau tips tips kanggo lulus UN. Mungga mungga Sesuk lulus UN kabeh AMIN tetep semangat, sik paling penting usahane di maksimalke hehehe.
keyword : Contoh Artikel Eksposisi Bahasa Jawa, Teks Eksposisi Bahasa Jawa Ngoko, Cara Membuat Teks Eksposisi Bahasa Jawa,
