Cangkriman yaiku unen unen sing kudu
dijawab. Dene werna lan wujude cangkriman bisa kasebut ing ngisor iki :
1. Cangkriman kang awujud irib – iriban
a. Pitik walik saba ngamben iku apa?
Jawabane sulak / kelut.
b. Anake diidak idak embokne dielus elus iku apa?
c. ana adhine, ana kakangne nanging ora ana bapak lan
simboke iku apa
d. Anake kanggo sandhangan rapet, nanging embokne malah muda
iku apa?
2. Cangkriman awujud tembung wancahan (akronim)
a. Gerbong tulis iku apa?
jawabane pager kobong watu
mendhelis
b. Lut maendhut, yu maerong iku tegese apa?
jawabane welut omahe
nglendhut, yuyu omahe ngerong
c. Biru supayane wungu dikapake?
jawabane di gebug amarga
biru iku babi turu dene wungu tegese tangi
d. Pak bomba, pak lawa, pak piyut
Jawabane tlipak kebo amba,
tlipak ula dawa, tlipak sapi ciyut.
3. Cangkriman plesdan
Cangkriman iki awujud
pitakonan dene jawabane gumantung sing takon, dadi sing njawab mesthi ora pener
a. Sapi iku sikile ana piro?
b. Gajah nunggang becak ketok apane?
c. Kepiye caran ngleboke gajah ing jero kulkas?
d. Koe mulih seko sekolah. Tekan tengah dalan udan deres
kemangka ora nggawa payung lan ora ana papan kanggo ngeyup. Kepiye carane
supaya ora kudanan?
e. Ana dara lima mencok neng gendheng, bajur dibedhil kena
siji mati, saiki dane keri pira?
4. Cangkriman sing katulis ing tembang
a. Tembang Macapat
1. Pocung
bapak pucung dudu watu dudu
gunung,
dawa kaya ula
Tumpakanmu wesi miring
Yen lumaku sopucung nedalken
swara
2. Dhandhang Gula
Ula – ula tan ana kang mandi
Aja wedi singa nemonana
Watu empuk pijetane
Ana menir saberuk
Jamu pahit yen tetes legi
Sapa bisa ngukur meja
Uceng – Uceng neng banyu tan
bisa urip
Tan kuat melek sakjam
3. Tembang Dolanan
Nyoto koewasis sis
bedheken sing gelis lis lis
Cangkriman telu iki
Jangkrik sungut slawe
batangane apa
Manuk ndhase telu batangane
apa
Bapak demang klambi abang
bang bang disuduk manthuk manthuk
keyword: Tuladhane Cangkriman, Pepak Bahasa Jawa, Sinau Bahasa Jawa, Jogja, Tembang, Dhandang Gula
