Geguritan (puisi)
iku salah sawijining asil kasustraan Jawa modern. Sapa wae bisa gawe geguritan.
Nganggit utawa ngarang geguritan iku bisa wujud ngandarake (mahyakake)
pengalaman pribadi utawa nyritakake kahanan sing tinemu ing masyarakat, utawa
panguripaning manungsa ing alam donya manut jaman kelakone.
Supaya geguritan
kang digawae katon endah kudu nggatekake pilihan tembung sing mengku
1. Purwakanthi swara (perulangan vokal) ing pungkasane tembung.
Umpamane :
a. taruna,
rahnina, rasa iku migunakake purwakanthi swara a
b. nyawiji, kaptil, asri iku migunakake
purwakanthi swara i
c. dieling, peparing iku migunakake purwakanthi
swara ing
d. bebarengan, bebrayan, iku migunakake
purwakanthi swara an
2. Purwakanthi sastra (perulangan konsonan)
Umpamane :
a. para, wredha,
taruna, iku migunakake purwakanthi swara sastra r
b. lagi, gagat,
kanggo, gawe iku migunakake purwakanthi sastra g
c. tumata, abot,
datan, iku mingunakake purwakanthi sastra t
3. purwakanthi basa (penggulangan) tembung
umpamane ing lagu Parangtritis
anggitane Didi Kempot
ombak gede katon ngawe-awe nelangsa neng ati rasane,
ombak gede sing dad seksine isih kelingan tekan seprene,
Maca geguritan iku ameh pada kalih maca puisi utawi deklamasi. Supados anggone maca saget nengsemaje lan narik kawigatene sing ngrungokake kudu nggatekake:
1. wirama
(intonasi) yaiku munggah mudhune swara
2. wirasa
(penghayatan) kanggo mbedakake isine geguritan iku sedhih, seneng, semangat apa
nesu
3. wicara
(artikulasi) yaiku wetune tetembungan kudu cetha bedane antarane swara a, i, u,
e utawa o. sarta bedane konsonan upamane s, r, l, g, d, dh, lsp.
4. wiraga
(ekspresi) patrap, sikap, obahing awak lan pasemon.
Kegiatan maca
geguritan utawa puisi (poetry reading) iku wiwit kawentar sakwise bapak ws
rendra (almarhum) kondur saka anggone lelana ing Amerika Serikat. Supaya kowe
kabeh bisa maca geguritan kanthi becik perlu nggatekake bab bab kaya kasebut
ing ngisor iki.
Supaya siap mental,
sadurunge maju ing ngarep kelas utawa panggung kudu konsentrasi dhisik. Menawa
ing wulangan kapisan wis dijlentrehke sing kudu digatekake yaiku babagan
wiraga, wirama, wicara, lan wirasa ana bab seje maneh sing kudu digateke yaiku;
- Nggagapi karepe geguritan (intepretasi/penafsiran)
Sakdurunge maca ana ing panggung utawa ing ngarep kelas,
geguritan mau perlu digagapi karep lan isine naskah (ditafsirkan), apa seneng,
sedhih, lara, semangat, nesu.
- Penampilan (Performance)
Ing sing paling penting, biasane yen wis tekan gilirane
maca banjur ndredheg awake apa meneh sing durung tau utawa arang arang tampil.
Kahanan sing kaya ngono mau bisa diilangi kanthi cara unjal ambegan landhung
paling ora kaping telu.
- Ngetokake Swara (Teknik Vokal)
Swara sing diucapke kudu cetha ora kebanteren, intonasi
kudu cetha bedane antarane wiramane wong nesu, sedih, seneng.
